Sinau Aksara Jawa Luwih Greged Kanthi Medhia Game Anagram Wordwall

POTRET: Nilawati Candra Arum W.S, S.Pd., Guru Bahasa Jawa SMK Widya Praja Ungaran. (Istimewa/Lingkarjateng.id)

POTRET: Nilawati Candra Arum W.S, S.Pd., Guru Bahasa Jawa SMK Widya Praja Ungaran. (Istimewa/Lingkarjateng.id)

*Oleh: Nilawati Candra Arum W.S, S.Pd., Guru Bahasa Jawa SMK Widya Praja Ungaran

DONYANING pendhidhikan punika ngrembaka lan nggadhahi sipat dinamis, bab punika minangka upaya njumbuhaken ewah-ewahing jaman lan kebijakan. Sampun lumampah kirang langkung setunggal warsa, donya punika pikantuk pacoban saking Gusti, inggih punika pandemi Covid 19.

Sedaya sektor sami gonjang–ganjing, ngantos donya pendhidhikan ugi tumut pikantuk dampakipun. Piwulangan kalampahan sacara Daring/PJJ, sedaya siswa lan dwija sinau tatap maya kanthi ngginakaken perangkat handphone.

Kurikulum Muatan Lokal Basa Jawa khususipun ing Propinsi Jawa Tengah punika kedah dilampahi saben jenjang pendhidhikan saking SD ngantos SMA/SMK. Saged dipun priksani wonten ing “Keputusan Kepala Dinas Pendidikan Dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/14995 tanggal 7 April 2022 tentang Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jenjang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah.” Saking kurikulum revisi enggal punika ugi njumbuhaken kaliyan program Kemdikbud inggih punika kurikulum merdeka.

Wujud makna muatan lokal Basa Jawa punika kagem ningkataken prinsip-prinsip dhasar ancasing pendhidhikan Basa Jawa. Salah satunggaling pola pamikiran bilih Basa Jawa ngarah ing budi pekerti lan nggiyataken dhiri bebrayan Jawa kang nedahaken luhuring pocapan, patrap lan polatan.

Upaya ngulah kearifan budaya lokal lan minangka piranti kagem njagi sarta angeluri basa, sasta, lan aksara Jawa. Punika minangka wujud basa Jawa kang ancasipun “nut ing jaman kalakone”.

Saking pola pamikiran kasebat ing jenjang SMA/SMK punika wonten materi babagan Aksara Jawa, asli bilih para siswa punika kathah ingkang sami mboten pirsa wujud aksara Jawa. Ananging ing kurikulum Muatan Lokal Basa Jawa punika siswa kedah saged maos lan nyerat Aksara Jawa.

Minangka dwija basa Jawa kedah saged prigel anggenipun pados cara nggampilaken siswa mahami materi piwulangan. Wiwit kedah tatap maya lan lakuning piwulangan kanthi jarak, dados metode sinau kanthi ngetrapaken dolanan (game) sinambi sinau punika trobosan dwija anggenipun narik kawigaten siswa tumrap piwulangan ngenani aksara Jawa.

Wordwall minangka satunggaling medhia piwulangan awujud aplikasi berbasis website. Punika asring sinebut dolanan bab tetembungan acak kang saged kasusun dados ukara jangkep lan saged ugi wujud gambar-gambar.

Anagram, miturut (Ardhani, 2011) adalah salah satu fitur permainan yang terdapat pada aplikasi wordwall. Permainan kata yang memungkinkan pengguna untuk mengacak huruf-huruf sehingga membentuk beberapa kata atau kalimat yang berbeda-beda). Piwulangan kanthi metodhe diskusi wonten ing kelompok lan ngginakaken medhia anagram kang dipuntrapaken ing kelas XII Kompetensi Dasar 3.5 Mengidentifikasi kaidah penulisan teks paragraf aksara Jawa yang menggunakan aksara swara. Wonten ngriki dwija kedah saged paring panerang tumrap siswa bilih sinau aksara Jawa punika sejatosipun gampang, namung prekawis nyusun aksara kanthi jumbuh kaliyan pedoman panyeratan aksara Jawa ing pagesangan.

Tata lan cara nalika badhe nyusun anagram punika, dwija kedah mlebet wonten ing website aplikasi wordwall. Kathah sanget bentuk  kang cumawis. Salah satunggaling punika anagram.

Dwija nyusun hurup utawi pinten-pinten tembung ingkang sakmangke saged kasusun dening siswa minangka runtutan ukara. Ingkang baku tetembungan punika saged tumata kanthi sae lan dipunrembakakaken dados paragraf. Dwija saged ngatur badhe pinten menit wekdal mangsuli prekawis punika.

Lajeng saged ugi paring ukara panerang (clue) supados logika siswa punika kapancing saged mangsuli kanthi gampil. Bilih kangge siswa cara anggenipun mangsuli punika namung nggeser hurup lan nyusun supados saged kawaos kanthi sae utawa bener. Kangge wujud panerang bilih aplikasi punika wigati tumrap siswa anggenipun mahami materi babagan aksara Jawa.

Medhia piwulangan kanthi game anagram punika langkung efektif dipuntrapaken ing piwulangan daring/PJJ. Bab wonten ngriki siswa kasuwun mahami materi aksara Jawa, saking punapa prekawis kang cumepak.

Dados pola pikir siswa ngraos bilih punika pawiyatan kang mboten sepaneng ananging fokus ing materi piwulangan. Greged siswa sinau langkung sae anggenipun dwija nyusun proses piwulangan kanthi santai lan sipatipun sinau sinambi dolanan. Pramila saking punika siswa ugi langkung cepet paham materi babagan aksara Jawa.*

Daftar Pustaka :

Oktaviani, M., & Yanti, P. G. (2022). “Mengembangkan Media Pembelajaran Permainan Anagram (Wordwall) untuk Meningkatkan Penguasaan Kosakata Peserta Didik.” BELAJAR BAHASA: Jurnal Ilmiah Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia7.2 (2022), 275-284.

Keputusan Kepala Dinas Pendidikan Dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/14995 tanggal 7 April 2022 tentang Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jenjang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah.

Exit mobile version